Jumat, 01 Desember 2017

Kudu ajar tata, ajar lelaku


Manungso iku koyoto wosing gabah kang diiteri ana ing tampah.akeh ,maneka werna, maneka rasa. Mangka saka kuwi mengkono, ora biso sakarepe dewe. Kudu ajar tata, ajar lelaku.


Kanggo sesami manungso, yen biso, kang biasane nggoleki penere dewe lan keblingerane wong liyo, kudu pada ngrogoh manahe dewe dewe.


Marang wong liyo , yen iso, yen wong pinter, ngakoni kapinteraneng liyan, eleke liyan ora perlu dibukak ombo po maneh sampek dadi wacana. Lan suwalike, kudune awake dewe, ngrogoh keblingerane dewe, eleke dewe kanggo "instropeksi diri" dadi wong kang andhap asor, lan ora perlu ngunggulake kepinterane dewe, sok lan bangga dadi wong gede.


Ora perlu mengkono. Cukup ayo podo berubah. Pokoe "ana awan ana pangan, sopo obah bakal mamah, Saiyeg saeka praya "

Share this:

Related Posts
Disqus Comments